SHOLAT
AROFAH
Sholat Arofah puniko sekawan rokaat kaleh salaman,wekdalipun ba’dane sholat dhuhur.
Niatipun: Usholli sunnatan liyaumil arofata rok’ataini lillahi ta’ala
Saben- saben sak badane fatikha hmaho ssurat Alikhlas 50x
Dipun riwayataken Abi HuroirohRA,Rosululloh SAW,ngendiko,sinten tiyang
ingkang ngelampahi sholat arofah,antarane sholat dhuhur
kalian sholat ashar sekawan rokaat, saben sak rokaat mahos Al ikhlas sak badene fatekhah,mongko Alloh nyatet sak yuto kesaenan,lan saben-saben khuruf sing di wahos,Alloh paring sak drajad ono ing suwargo, sing
saben drajat siji marang liyane jarake limangatus tahun,lan Alloh paring pelayan surgo ono ing saben-saben sakhurufe AlQuran,widodari ingkang mblalak-mblalak mripate.( Alquroo liqosidiumilquro hal 406. )
Wiridan ba’da sholat Arofah :
1. LAILLAHAILLALLOHU WAKHDAHU LA
SYARIKALAH LAHUL MULKU WALAHUL KHAMDU WAHUWA ALA KULLI SYAING QODIR .100X
2. ALLOHUMMA SHOLLI ‘ALAA MUHAMMAD
WA’ALAA AALI MUHAMMAD
KAMAA SHOLLAITA ALAA IBROOHIIM WA ‘ALAA AALI IBROOHIIM INNAKA HAMIIDUM MAJIID, 100X
3. SURAT AL-IHLAS ,100
X
SHOLAT
LAILATUN NAHRI [ SHOLAT WENGI IDUL ADHA ]
Sholat lailatun nahri puni kokaleh rokaat,wekdalipun ba’do sholat isya’ anangeng luwih afdhol tengah wengi.
Niatipun: Usholli sunnatan li ihyaai lailatin nahri rok’ataini lillahi ta’alaa.
Saben-saben rokaat mahos : surat
Al fatihah 15x, Alihlas 15x, Al falaq 15x, Annas 15x.
Wiridan ba’do shoalt lailatun nahri: 1Ayat kursi 3x. - 2 Istighfar
15x.
Rosululloh
SAW dawuh, sinten tiyang ingkang purun ngurip-ngurip wengine malem idul adha, malem idulfitri,
malem nisfu sa’ban mongko tiyang puniko mboten bade dipun paringi mati atine naliko tiyang-tiyang sampun podo matii atine.Dipun riwayataken Abi Umamah,
Rosululloh SAW dawuh :sinten tiyang ingkang purun nglampahi sholat lailatun nahri 2 rokaat saben-saben rokaat mahos surat Alfatihah 15x, Alihlas 15x, Al falaq 15x,
Annas 15x. Mongko Gust iAlloh baka ldadosaken naminipun tiyang kolowohu golonganipun ahli surgo, lan Alloh ngapuro duso-duso ingkang samar lan duso-duso ingkang ketawis,lan Alloh nulis saben-saben ayat pahalane kados dene haji lan umroh lan kados merdeka ake budak 60 ketrurunane Ismail lan menawi mati antawis ipun jum’at ngantos jum’ate ngajeng dipun golongaken tiyang ingkang mati syahid. (Alquroo liqosidi ummilquro hal
424 )
Oleh. Abdul Rosyid (Alumni Ponpes API Tegalrejo Magelang)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar